Kamis, 17 Februari 2011

critoku

           Aku duwe pacar sng apik erm,cah'e ora nko'' gek prhtian mbek aku,aku sayang erm nk dk'e. mesti  aku karo cah'e bedo umur  wnge ora opo''.mogo'' aku kro cah'e iso pcaran tros gak enek halangan opo''. tros aku yow duwe konco seng apik eram nk aku. cah'e saben aku sedih utowo seneng cah'e enek teros. 

8 komentar:

  1. kenjeran_tugu pahlawan
    wedhi putih kang tumemplek ing lathimu
    sapa sing mesthi mbok antu,nimas
    apa ombak kang isih sesautan sawdhuwuring layar banjur ing dhadhamu
    kelakon pandhemen katresnan pacah dhek semono

    BalasHapus
  2. SARANGAN
    Hawane adhem, swasanane tentrem ing ati dadi ayem
    Bisa seneng seneng sandhuwure banyu kanthi numpak prau
    Utawa bebek sing bisa mlaku
    Manggon ing sukune Argo Lawu
    Mula..........
    Ayo padha dijaga
    Kareben tetep asri lan tumata
    Turis Nusantara uga manca nagara
    Tetep seneng mara sanja

    BalasHapus
  3. AKU
    Aku uduk srengenge
    Sing nyinari saben dino
    Aku ya uduk bulan apa bintang
    Sing ana saben wengi
    Aku uga ya uduk udan
    Sing tekane dienteni saben wong
    Aku ora iso kayak godhong
    Sing nglengkapi saben wit-witan
    Nangin aku pengen kayak angin
    Sing mestin ana kanggo wong liya
    Lan mesti duweni manfaat
    Sing dadi unsur utama umat manungsa
    Yen ora ana angin
    apa sing dienggo ambekan
    Kabeh makhluk sing urip

    BalasHapus
  4. KANCA
    dadiya kanca kaya srengenge
    sing nyinari karo nyemangati
    dadiya kanca kaya angin
    sing jujur karo nyenengne ati
    dadiya kanca kaya lintang
    sing ora duwe kesel mesti mbaturi
    dadiya kanca kaya rembulan
    sing bisa nentremne ati
    oja dadi kanca kaya pelangi
    sing teko delut banjur lali

    BalasHapus
  5. Tansah mesem lambe iki naliko kelingan esem sliramu,
    Ati iki ora bisa ngapusi,
    Mung sliramu ingkang tak anti",
    Mung sliramu ingkang tak kangeni,
    Duucd widadariku maburo mbalek menclok ning atiku,
    Obatono ati ingkang cacat iki,

    BalasHapus
  6. pak tani

    Wayah esuk budhal menyang sawah
    Karo pacul neng pundhakmu
    Kowe ora ndhuwe rasa kesel
    Rasa iku mau bisa ilang,
    Mergo nyawang endahing tetanduran
    Karo ramene suarane manuk miber

    Pak tani........
    Awakmu sabar banget
    Ngrawat tetandhuran kanthi rasa bungah
    Saka nebarake winih,
    Lan uga ngenteni panene.

    BalasHapus